Minggu, 01 Februari 2009























PADEPOKAN “ EYANG PANJI “
(Eling,Yakin,Anggayuh,Nugrahaning,Gesang – Piwulang luhur,Amerangi,Nafsu amrih,Jejege,Iman) NGUDI LUHURING AGESANG SAMPURNANING LAMPIS
PERUM. TAMAN JANTI BLOK G / NO : 1 - RT/RW: 12/07
KELURAHAN GADANG - KECAMATAN SUKUN - MALANG
TELPHON : 0341 – 808152
_____________________________________________________________________________________

RERUNTUTAN ADICARA TANGGAL 1 SURA 1940 Ehe
ING PADEPOKAN EYANG PANJI :
1. PAMBUKA
2. SAMBUTAN-SAMBUTAN : a. Putra wayah Padepokan Eyang Panji
(Bpk. Sulih Sudjianto)
b. Bapak Kepala Kelurahan Gadang
3. WEDARAN JANGKA JANTRA JAMAN NUR - BUDI LUHUR KALAJENGAKEN PAWARTOS JAMASAN SESUCI DUWUNG TOSAN AJI dening Pamengku padepokan Eyang Panji Ki Wahyu.
4. UMBUL DONGA SEDEKAH : a. Bubur Sura, Bubur Sengkala
b.Tumpeng Slamet / Tumpeng Robyong
5. JAMASAN : a. Putra wayah
b. Duwung tosan aji
6. DONGA PANGADEPAN WARSA INGGAL :
a. Donga Mapakake tanggal
b. Donga Serabat Tetulak
c. Donga pangampun
7. TIMBULAN BERKAH LAN BAROKAHING GUSTI ALLAH ING DALEM.
8. TIRAKATAN MALEM TANGGAL 1 SURA (1940 – Ehe)
9. PEMBAGIAN TUAH MADU MIWAH ARTA ENGGAL.
10. WEJANGAN KAGEM PUTRA WAYAH PADEPOKAN EYANG PANJI
11. PARIPURNA/DOA (Ustad Eddy).


I. PAMBUKA

II. WEDARAN
As.Wr.Wb.
Panjenenganipun para pinisepuh miwah para alim ulama ingkang satuhu dahat kinabekten
Panjenenganipun para pamengku praja ing kelurahan Gadang ingkang dahat kinormatan
Sanggyaning para rawuh ingkang satuhu kula mulyakaken.
Mugi sedaya kawilujengan, karaharjan saha katentreman tansah kasarira ing panjenengan sami. Keparenga ing mriki kula badhe amedar sastra saha anggempil kamardikan panjenengan, nigas wacana munggel pangandikan, saperlu mundhi jejibahan dados sesulih pamengku ing padepokan Eyang Panji.
Purwakaning atur keparenga panjenengan sami sumangga sesarengan angaturaken puji sukur kunjuk dumateng ngarsaning Gusti Allah SWT. ingkang sampun paring rahmatipun, sahingga kita sami saget makempal ing pedepokan menika kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Para rawuh saha priagung kang mahambeg dharma. Sak lebeting pamedaran punika wonten kalih bab ingkang bade dalem aturaken inggih punika :

a. PAUGERAN SAK LEBETING JAMAN NUR
( SUMUNARING CAHYA MANCORONG AGAWE ULAPING PANINGAL, BLAWURING NETRA )

Salebeting jaman punika kawiwitan ing tahun Jawi 1937 dhumugine 6 windu sinebat jaman Nur ( 2004 M s/d 2052 M ). Winastanan jaman Nur, Nur tegesipun cahya, cahya kang damel risakipun netra kang dadosaken blawuripun paningal dalah anemahi risakipun iman lan manah manungsa. Pramila katah sanget rereget engkang ngumrobyong ing sakojor badan wadagipun manungsa. Sahingga ing mriki donya tanah Jawi ugeripun Nuswantara ngayahi wanci Goro-goro tanggabing Windu Adi.

SINOM GORO – GORO
Isining kang goro–goro
Bumi langit gonjang–ganjing
Horeg obah kang pratala
Lindu ping pitu sahari
Umub kang jalanidhi
Gumaludhug guntur ketuk
Solahe para janma
Pati–pati hambentusi
Sirna katempuhing panca wara

Goro–goro ing tanah Jawi gilige Nuswantara, sak lebeting jaman nur kinuncung agelung sinarimpet rikma kaore, jaman edan yen ora edan ora keduman, sampun kalangkungi nanging anilareken piranti Sak begja begjane wong kang lali, isih begja wong kang eling lan waspada. Sahingga anuwuhaken :
1. Para janma pada kelangan kaprayitnan, lena ing pambudi anemahi urip sajroning pati pati sajroning ngaurip.
2. Iman wus ora bisa kanggo gondelan banyu wening kang ngemu suci wus ora kagunakake, wong wus pada seneng adus nganggo banyu buthek, nginume tirta arak, fikir wening wis ora marak sing marak fikir omyang remenane mabuk turut dalan turune nyaman nadjan ana ing selokan.
3. Wong waras kepingin edan betheke pingin nguntal obate wong edan. Ngumbar syahwat wis dadi budaya, wong wadhon ilang kawanitane wong lanang keblinger kiblate, anamakake purusa ning pada lanange, dalan tai di rasa luwih anikmatake.
4. Bapa tegel mangan putrine, anak mentala jimak biyunge lan pamarkosan kumandang sak dalan–dalan, garwa dudu maneh sigaranne nyawa awit perselingkuhan wis dadi budaya.
5. Polahe manungsa kaya dene gabah den interi kang penak tansaya kepenak kang sara angluwihi sara, ilmu sarak wis ambrayat dadi paugeraning agesang “aja kang halal, kang haram wus susah tinemune”
6. Wong sugih ngagem busana ratu : tegesipun mboten wonten panguwasa ingkang nglangkungi tiyang sugih,
7. Guru, pandhita, panguwasa / ratu sedaya sami marek anembah dhateng tiyang sugih.
8. Para pandhita sirna, kang ana wong bodo ngaku pinter, wong pinter pada kablinger, ratu mlarat dados jongos.
9. Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, samodra kocak, gunung jugruk , ratu kecingkrangan arta tansah pinungsungan tamu
10. Yektosipun mijiling kaluhuran saking dipun saranani dening arta, karanten sang ratu kawisesa dateng tiyang sugih. Salah dadi bener, leres dadi ketiwar–tiwar awit saking mlarate.
11. Sang ratu prasasat suwita dhateng pepatih, pratingkahipun alus nanging sawenang–wenang, icaling berkating bumi sami kasrakat, oyot–oyotan, gegodhongan, woh–wohan sami tanpa guna, sinengker pepanenipun tiyang manca.
12. Wong cilik kecekik, ana pari thukul ing langit wong manca pada pari suka nguras sumber.
13. Sakatahing peksi sapanunggalanipun sami lebur pinasangan pikat lajeng sinengkeran.
14. Sakatahipun tiyang sami nerak angger–anger kautamen, remen tindak angkara murka, tansah arebat kaluhuran kanti amadalaken wong ringkih dalah tegel ngocatake nyawaning liyan kang agawe pepalang.
15. Manungsa kecalan urubing obor,sami boten uninga dhateng sanak kadhang, mengsah ingkang sampun katah cacatipun rinangkul minangka kanthi.
16. Wewalering jagat tinarajang , pakem dawuhing kitab suci karombak dening watak dursila, awit saka kesede manungsa ngudi ing ngelmu kabatinan.
17. kacarios ing jaman Nur, benjang ing titi wanci gantinipun, sineksinan jagad gumelar : “ Ana pawongan alinggih malang, dudu sanak dudu kadhang sayekti anggelar pangadilan gaib, tumibane kukum angger-angger langgeng, minangka pambukaning taman kamulyan lan katentreman langgeng bakal angembani jagad Nuswantara “.

Pitulas jangkaning kodrat ing jaman Nur ngati sak purnaning, minangka pangeling–eling dhuk rikala kita gesang, ing jaman sak punika ngantos ing tembeh mangke badhe wonten ebahah–ebahan jagad miwah lampahaning manungsa. Dene peranganipun ukara tembung Pitulas ngemu arti pitulungan pamungkas, kamardikaning bangsa lan runtuting wong angibadah.

Ing pangajab bisaa kita para putra wayah anulat pamikir suci , tanggab ing sasmita pralampitaning basa. Anemahana Jaya–jaya wijayanti lebur dening pangastuti miwah gesang slamet rahayu atebihaken bilahi kajaketaken rejeki, gangsar anggenipun ngupadi sandhang, pangan lan papan sak garwa sak putra sak ahli waris kita sadaya .
Donga Surah Al-Khauzar (kawaca kaping telu)


b. LAMPAH BUDI LUHUR
Lampah budi luhur minangka pangluluhaning raga supados yen kita dhumugining lampis / pejah badan kita wadag saget manunggal kaliyan badan kita kang alus sinebat badan rohani / badan sukma. Pramila ing salebeting wejangan luhur PADEPOKAN EYANG PANJI sinerat lampahan manungsa gesang kedah anulat ing Tri Brata tegesipun manungsa kedah angalampahi tigang pekawis inggih punika SABAR, JUJUR miwah TETULUNG. Dhening peranganipun manungsa wajib nindhakaken budi :
Jumbuh ing Al-Qur’an serat Ali’imran ayat (17) “ As-sabirina was-sadiqina wal-qanitina wal-munfiqina wal-mustagfirina bilashar “ suraosipun : Yaiku mung wong-wong kang padha sabar, padha temen, pada ngabekti, padha gelem ngabekti, padha gelem dermaake bandane, lan pada nyuwun pangapura marang ngarsane Gusti Allah ana ing wayah lingsir wengi.
Injil serat Lukas 6 ayat(27),(29),Mazmur 25 ayat (21), Matius ayat (2-4)
SABAR : rila, legawa lan tarima
JUJUR : temen lan bener
TETULUNG : susila lan utami

Lampahan Tri brata kedah anyegah 7 perkawis, kadosta :
1. Sampun ceroboh, ananging kedah taberi sesuci
2. Sampun anguja dedahar, ananging dahara yen sampun luwe
3. Sampun angembong unjukan, ananging ngunjuka menawi sampun ngelak
4. Sampun karem ing nendra, nanging tilema menawi sampun arip/ ngantuk
5. Sampun receh ing wicara, ananging ngandhikaa janji angon waton lan wigati
6. Sampun anguja keresmen, nanging sanggama’a menawi sampun kapang sanget
7. Sampun tansah ambebingah panggalih, sanadyan kasukan inggih angger boten nilar ing prayogi, muhung angladosi lan angarah suka pirenaning para mitra.

Makaten ugi minangka sesandhunganipun agesang punika wonten 8 pekawis :
1. Angumbar hawa napsu
2. Anguja suka – suka
3. Dora para cidra tindak panganiaya
4. Ulah resah
5. Lampah nista
6. Tingkah deksura
7. Kesed sungkanan sembarang karya
8. Lumuh nestapa puja brata.

Yektosipun makaten lampah margining agesang punika, kados kumandhang umpaminipun, punapa pandhamel ingkang katamakaken ing liyan, sayekti badhe tumama datheng badanipun piyambak.
Pramila sayogyanipun tiyang gesang kedhah anglampahi tapa brata salebeting sapta tapa :
1. Tapaning badan, kedah anoroga lan taberi ulah panggawe sae / susila
2. Tapaning manah, narima lan sepen pangangsa – angsa, ngagungake pakerti durhaka
3. Tapaning napsu, sabar ing coba bilahi, sarta aweh pangapura mring kalepataning liyan
4. Tapaning sukma, jujur lan boten dha’wen, panasten
5. Tapaning rahsa, sareh ing sabarang karsa miwah ageng ing panalangsa
6. Tapaning cahya, eneng–ening tegesipun santosaning pangesti, ening telenging paningal
7. Tapaning agesang, eling lan waspada.

Kajawi saking punika sapta tapaning badan kedah kawigatosaken, inggih punika :
1. Tapaning netra, cegah sare, mengo dateng jinah lan kamilikan
2. Tapaning karma, cegah hawa napsu lan lumuh ing miarsa paraben
3. Tapaning grana, cegah panguswa, lan lumuh ing angisep–isep awoning liyan
4. Tapaning lesan, cegah dahar, lan anggunem awning liyan
5. Tapaning purasa, cegah sahwat lan mboten boten resah ing sanggama, tegesipun lampah badrek.
6. Tapaning asta, cegah colong, celer calimut lan boten cengkiling
7. Tapaning suku, cegah lumampah pandamel awon lan taberi ndalu kaliyan Samadhi.

Tiyang agesang tangeh lamun anthuk kasampurnaning tapabrata anggayuh kaluhuraning agesang menawi boten den santosa ing pangesti, lan bakal anthuk dhumawahing jaman paniksaning agesang ingkang dumunung 7 jaman kasangsayan inggih punika :
1. Jamaning kamlaratan, witipun saking tindhak boros
2. Jamaning kawirangan,witipun lali tan waspada
3. Jamaning kabodhohan, witipun kesed sungkanan
4. Jamaning angkara, budhuk mumuk
5. Jamaning sangsara, witipun resahing lampah
6. Jamaning sesakit, witipun tuwuk nedha
7. Jamaning kabilahen, witipun remen amaeka

Dhene tiyang ingkang sampurna tapabrataipun bakal ngundhuh wohing 7 jaman kamulyan inggih punika :
1. Jamaning kabegjan, witipun nastiti ati – ati
2. Jamaning kabrajan, witipun budhi welas
3. Jamaning kaluhuran, witipun taberi andhap asor
4. Jamaning kasekten, witipun puruita lan tapa brata
5. Jamaning kawicaksanan, witipun teberi sesinahu
6. Jamaning karaharjan, witipun eling lan waspada
7. Jamaning kayuswan, witipun sabar, jujur lan tetulung.

Sadaya ingkang kasebat ing nginggil wau, sayoginipun agesang punika angenani cipta sasmita ingkang medhal saking tetuwuhaning budi ingkang peparengan kaliyan tindhaking yuswa. Dene tetuwuhaning budi atas agesang saestu santun sumantun areuntutan inggih punika :
“ Tuwuhing kaengetan, tuwuhing pamarsudi, tuwuhing sarenging sedya, tuwuhing pangatos-atos, tuwuhing budi luhur, tuwuhing kasantosan, tuwuhing rumaos, tuwuhing lereming panggalih, tuwuhing jatmika dalah tuwuhing beka pepeka “
Ananging wonten kalanipun agesang ingkang kasandhangan yuswa langkung saking 72 tahun, asring ngenggoni bebuden kados kala lare alit malih. Amrih sampun ngantos kedadaosan kados kalampahan makaten, boten sanes namung kedah anyegah saliring hawa napsu, sarta marsudi sampurnaning ngelmu. Kados wontenipun wewarahing para winasis ingkang sampun limput ing pambudi, kebak ing kasampurnaning ngelmu sarta cedhak ing panguasaning Gusti Allah :
“ Ageng – agenging dosa punika, tiyang ulah ilmu makrifat ingkang magel. Awit krana saking dereng kabuka ing pambudi, dados boten nyumurupi ing suraosipun ingkan yekti hakiki.”
Wewarah luhur dawuh sasmita ing Padeokan Eyang Panji ingih punika , dene ingkang sampun padang kabuka pambudinipun bakal kuwaos anampi suraosing ngelmu sadaya kanti yekti hakiki tamtu badhe manggih Luhuring agesang , sampurnaning lampis.

Pramila sesanti luhur ingkang kaserat ing Padepokan Eyang Panji :
“ NGUDI LUHURING AGESANG SAMPURNANING LAMPIS “
Tasah anulat “ SAK BEGJA BEGJANE WONG KANG LALI, ISIH BEGJA WONG KANG ELING LAN WASPADA “ Kanthi dedasar nindhakaken Tri brata inggih punika tigang lampah kabajikan “ SABAR, JUJUR lan TETULUNG “

Kajawi saking punika seratan EYANG PANJI kagunganyektos :
Eling,
Yakin,
Anggayuh,
Nugrahaning,
Gesang
Piwulang luhur,
Amerangi,
Napsu amrih,
Jejege,
Iman
Wasana sugeng tanggab warsa enggal Saka 1939 Alip, mugi Gusti Allah SWT. Tansah anlunturaken sih kaluhuraning agesan, kanthi pungkasing atur Jaya–jaya wijayanti lebur dening pangastuti, tebihaken bilahi caketaken rejeki, gangsar angenipun ngupadi sandhang, pangan miwah papan sampun ngatos wonten gudha rubedha punapa sadaya putra wayah Padepokan Eyang Panji sak garwa sak putra sak ahli warisipun sadaya krana Allah Ta’Allah. Wassallam mualaikhum warrohmatullahi wabarrohkatuh.





III. UJUB DONGA SEDEKAH

Para rawuh sarta para putra wayah sami andherekan kenduren ing pangajab amrih anthuk berkahing keslametan saha rejeki saking Gusti kang amengku jagad raya / Gusti Allah.
“ Inggih sampun anyelani atur sederek kula sepuh miwah anem sedaya ingkang sami rawuh makempal ing padepokan “Eyang Panji” mriki saperlu kunjuk atur sedekah dumateng ngersaning Gusti Allah Ta’allah sineksenan dinten pitu pekenan gangsal dumawahipun ing dinten Jumat Legi Malem Sabtu Pahing. Ing sak salajengipun sedekah punika anyaosi kurmat dumateng para rasul, para nabi, para malaekat dalah pada wali sedaya. Ing sak lajengipun caus kurmat sedekah punika keranten niat suci anggenipun nyedekahi sederek sekawan gangsal pancer, ingkang dumunung ing kiblat sekawan, medhalipun sareng sedinten, medhal saking guwa garbo hina, ingkang kormatan dalah ingkang boten kormatan, sedaya sami dipun caosi dahar arupi bubur sengkala, sekul petak, ulam sari ingkang mijil saking sarine buwana. Mila sedaya sampun nggudha sampun ngrencana. Bubur sura caos kurmat dumateng para titahipun Gusti ingkang ngrumeksa ing mangsa, buwana miwah angkasa. Disuwun tetepa jejeg jenjem angenipun njagi lan gulawentah sampun ngantos wonten guda lan rencana. Tumpeng robyong kang sagah anjakepi sedaya kekiranganipun caos kurmat sageta angroyong sakehipun keslametan dalah rejeki agung kang sempulur. Mila dipun caosaken pakurmatan punika dumateng bagenda kilir ingkan ngrumeksa ing tetoyan, bagenda marga kang ngrumeksa elangkung prasekawanan lan sak piturutipun, bagenda tuwuhan ingkang rumeksa sakehing tuwuhan, pala pendhem,pala gumandhul sarta pala tumpang sari. Mila dipun caosi kurmat sampun ngantos wonten ingkang guda lan ngrencana. Ringkesipun pakurmatan sedaya kala wau mugi anthuk barokahipun Gusti Allah Ta’allah anggen kita angayahi gesang ing alam dunya tansah pinayungan karaharjan miwah kanugrahan, gangsar anggen kita sami ngupadi sandhang tedhan, tinebihaken bilahi cedhakaken rejeki sak garwa sak putra sak ahli waris kita sedaya. Pakurmatan punika kasugataaken saking niat suci iklasipun manah putra wayah pedepokan Eyang Panji,Bapak Bupati Malang miwah Bapak Wali Kota Malang sarta para pamong praja miwah sedaya para rawuh, sumrambahipun dumateng sedaya masyarakat Malang Raya gunggungipun sedaya masyarakat Nuswantara.
Makaten wonten kirang miwah keladhukipun ikrar ujub kawula nyuwun sih agunging pangapsami.

DONGA SLAMET (Ustad Eddy)

IV. NIAT ADUS JINABAT MALAM TANGGAL 1 SURA 1940 Ehe
MUSLIM :
Bismillahi’rrahmani’rrahkiim. Murup-murub dzatullah metu murub rasulu’llah, Allah mobah sajeroning urib Allah mosik sajeroning rasa, ya rasaning Allah kang maha kuwasa Niat ingsun adus, dus ingsun dina senin pahing malam selasa pon, banyu ingsun sendang pancuran sarining sekar setaman, pancikan ingsun watu gegilang, canthing ingsun kayu cendhani, kosokan ingsun kayu cendhana sari, cahya ingsun mancur mancorong, resik jaba suci jero, resik suci dening banyune Allah, mulya tankenaning lara mulya tankenaning tuwa, krana Allah Ta’allah. Kun fayakun birrahmatika ya rrohman ya rohkim.

NON MUSLIM :
Kanthi asmaning Gusti Allah engkang Maha Mirah dalah Maha Asih kang anyarengi gesang kula sak rinten dalunipun. Murup-murub dzatullah metu murub rasulu’llah, Allah mobah sajeroning urib Allah mosik sajeroning rasa, ya rasaning Allah kang maha kuwasa Niat ingsun adus, dus ingsun dina senin pahing malam selasa pon, banyu ingsun sendang pancuran sarining sekar setaman, pancikan ingsun watu gegilang, canthing ingsun kayu cendhani, kosokan ingsun kayu cendhana sari, cahya ingsun mancur mancorong, resik jaba suci jero, resik suci dening banyune Allah, mulya tankenaning lara mulya tankenaning tuwa, krana Allah Ta’allah.

V. JAMASAN DUWUNG / TOSAN AJI
Para putra wayah kanti pangarsa Ki Sepuh Sudiono mapakaken Ki Wahyu Pamengku Padepokan Eyang Panji ing sanggar pamujan purnaning semedi mahening suci manunggalaken cipta, rasa, karsa nyenyuwun dumateng Gusti ingkang maha Agung tumuju ing panghargyan jejamasan.

VI. DONGA PANGADEPAN WARSA INGGAL :
1. DONGA MAPAGAKE TANGGAL
Ajiku Puspanagara, pang pradapa sasi, godhong widadari, kembang lintang, woh srengenge, sira bagea mbok lara tanggal, sak tuwa–tuwaku, isih tuwa kowe, sak enom–enommu isih enom aku, enom rahayu sajege gesang krana Allah “. ( kawaca kaping pitu )

2. DONGA SERABAT TETULAK
“ Ingsun amuji puji donga serabat, simbar Muhkhammad pinayungan nabi dawut, andawut sakehing reridu, ridu aja ngeridu marang badanku, aja ngridu keluargagu, aja ngridu anak putuku, yen wani angreridu sinambar bubar, sinandhung lebur, musna ilang dadi banyu kungkulan dongaku serabat “

3. WIRID :
MUSLIM:
YA RAHUM YA ROHUNA YA RAHANUN YA ALIMUN (Kawaca kaping telung puluh telu)

NON MUSLIM:
BEBAYA NGALIYA RAHAYU RAWUHA ( kawaca kaping pitulas)

4. DONGA PANYUWUNAN PANGAPURANING PANGERAN
MUSLIM :
“ Astaghfirullaahal ‘azhiim “ ( kawaca kaping telung puluh telu )

NON MUSLIM :
“ Dalem nyuwun agunging pangapunten, duh Gusti Allah engkang maha Agung “ ( kawaca kaping pitulas )

Sak sasampunipun sedaya samiya maos kanthi weningipun panggalih dinasaran wekasan ati suci :
“ Gusti kang maha suci, Allah Pangeran kawula, kang luhur kratonipun, kang sampurna asmanipun, kang murba kang misesa, kawul;a nyuwun pangapura , kawula wonten donya kathah durhaka kawula, ageng dosa kawula, mugi Allah ngudanenana, kawula nyuwun berkah, nyuwun bagas, nyuwun kuwat, nyuwun rahayu wilujeng miwah nyuwun panjang umur sak garwa, sak putra sak ahli waris kawula sedaya, sak raja darbe kawula, utawi kawula nyuwun sandhang kawula sak keluarga ing sak rinten dalunipun, saking sih Rahmmad paduka Ya-Allah, sarenging napsu kawula, sarinten dalunipun, kibir jubriyanipun manah sarinten dalunipun, supe gesang kawula sarinten dalunipun, gorohipun manah kawula sarinten dalunipun. Duh Gusti Allah, kawula nyuwun ngapura, amargi kawula boten daya Ya–Allah. Kawula iman yakin duh Gusti bilih naming paduka dzat kang Maha Agung pangampunanipun, kawula nyuwun pitulungan dalah pangampunan. “ Amin.

5. KAUTAMANING LAKU
1. Wong kudu eling lan waspada marang kamurahaning pangeran
2. Wong amrih rahayuning sesamanira, sinung ayating Pangeran
3. Angawruhana ngelmu gaib, nanging aja tinggal ngelmu syareat, iku minangka parabote urip kang utama
4. Aja kurang pamariksanira lan den agung pangapuranira
5. Agawea kabacian marang sesamanira tumitah, agawea sukaning manah sesamaning titah
6. Aja dewe rasa bener lan sarta becik, rumangsaa ala sarta luput, den agung panalangsanira ing ngarsaning Pangeran kang Maha Mulya
7. Amulyakna sarira, angayem–ayemna nalarira, aja angrangsang samubarang kang sinedya, den prayitna anthuke kanugrahan wewaton dedonga klawan anggayuh
8. Tansah Elinga marang Gusti kang murbeng jagad ya Gusti Allah, aja pegat anggenira manemba rina lan wengi
9. Atapna geniara, tegese den teguh yen krungu tembung ala
10. Atapna banyuara, tegese ngeli, basa ngeli iku nurut saujaring liyan, datan nyulayani
11. Tapa ngluwat, tegese mendhem atine aja ngatonake kabecikane dhewe
12. Aprang sabilullah, tegese perang sabil iku, sajeroning jajanira priyangganana prang bratayuda, prange ati ala lawan prange ati becik samangsa sira bisa nyegah sabarang cipta lan tindak ala, maka sra kanobatake pamenang ing prang sabil.

6. MUSLIM WIRID :
AFDHALUDZ – DZIKRI FA,LAM ANNAHUU :
LAA ILAAHA ILLALLAAH – HAYYUM – MAUJUUD.
LAA ILAAHA ILLALLAAH – HAYYUM – MA’BUUD
LAA ILAAHA ILLALLAAH – HAYYUM – BAAQIN
LAA ILAAHA ILLALLAAH ( kawaca kaping satus )
LAA ILAAHA ILLALLAAH MUHAMMADURRASUULULLAH.
NON MUSLIM WIRID :
MAHA SUCI ALLAH , GUSTI KANG MAHA AGUNG ( kawaca kaping telung puluh telu )


VII. RITUAL MADU SAHA ARTA KERTAS ENGGAL ING SANGGAR PAMUJAN
Para putra wayah ingkang sami rawuh ing padepokan sami ngempalaken madu miwah arta enggal saperlu ngalab berkah, barokah karaharjan miwah kanugrahaning Gusti Allah Ta’allah, kanthi dedonga sak lebething manah dumateng ngersaning Gusti Allah kang maha wicaksana,maha Agung dalah maha peparing tumrap sedaya panyuwunan umatipun kang kebak raos tulus dinasaran winahyaning ati suci.

WEJANGAN UTAMI
KAGEM PUTRA WAYAH KINASIH

VIII. BAB SOROG ISMU KANG UTAMA BADHE PINANGGIH SEDHEREK PAPAT

“KUN DZAT KUN, AJA NGALING-ALINGI DZATING SUKMA,WEWAYANGANING RASA, SUKMA KANG TAPA SAJRONING WEWAYANGAN, HEH ROH ROHANI MARA SIRA METUWA,APADA RASA, RASANIRA DIKAYA RASANIGSUN, SUWARANIRA DIKAYA SUWARANINGSUN, RUPANIRA DIKAYA RUPANINGSUN, POMA GEGILA WULUKU SALOMBOK, SUN TEMPUHAKE ING SIRA, YA INGSUN SADULURIRA SAJATI “.
1. SADULURKU TUWA KANG ANA ING BRANG WETAN, KANG ARAN MUTMA’INAH, REKSANEN RAGAKU, KEMPITEN NYAWAKU, INDHITEN SUKMAKU, IKA ANA GAWE GEDHE, AJA NGANTI BELAH PISAH, YA INGSUN SADULURIRA SEJATI
2. SADULURKU TUWAKANG ANA ING BRANG KIDUL, KANG ARAN ALUAMAH, REKSANEN RAGAKU, KEMPITEN NYAWAKU, INDHITEN SUKMAKU, IKA ANA GAWE GEDHE, AJA NGANTI BELAH PISAH, YEN ANA SEDYA ALA BALEKNA, SEDYA BECIK BACUTNA, YA INGSUN SADULURIRA SEJATI
3. SAULURKU TUWA KANG ANA ING BRANG KULON, KANGARAN NAPSU AMARAH,REKSANEN RAGAK,KEMPITEN NYAWAKU, INDHITEN SUKMAKU, IKA ANA GAWE GEDHE, AJA NGANTI BELAH PISAH, YEN ANA SEDYA ALA BALEKNA, SEDYA BECIK BACUTNA, YA INGSUN SADULURIRA SEJATI
4. SADULURKU TUWA KANG ANA ING BRANG LOR, KANG ARAN NAPSU SUPIYAH, REKSANENRAGAKU, KEMPITEN NYAWAKU, INDHITEN SUKMAKU,IKI ANA GAWE GEDHE,AJA NGANTI BELAH PISAH,YEN ANA SEDYA ALA BALEKNA,SEDYA BECIK BACUTNA, YA INGSUN SADULURIRA SEJATI.

IX. BAB SOROG DHATENG GURU KAWITAN, NGERTENI SEJATINING URIP

“ KUN DZAT KUN, KANG ANA SAJERONING NETRA INGSUN, KUNDZAT KUN KANG ANA SAJERONING GUWA GARBA INGSUN, RASA SUKMA KANG ANA SAJERONING NETRA UTAWA KANG ANA ING SAJERONING GUWA GARBA, SIRA METUWA, INGSUN AREP WERUH SEJATINING URIP, INGSUN NYUWUN SLAMET, YA INGSUN SEJATINE KU “




X. MANEMBAH MRING GUSTI ALLAH HYANG MAHA AGUNG

“ GODHONG SUKMA TUTUP SUKMA,KANCING RASA PURBA WASESA LANGGENG, YA INGSUN UMATING GUSTI ALLAH, TEKA JEJEG LUNGA JEJEG IMAN INGSUN, SYANG HYANG KANG KAGUNGAN SIFAT GOIB, LAILLA LAILLALLAH, ORA ANA. PANGERAN KANG WAJIB SINEMBAH KAJAWI GUSTI ALLAH, SATUHUNIPUN YA ALLAH KULA AMASRAHAKEN DOSA KULA MUGI TANSAH ANTHUK PANGAPURA SAKATAHING DOSA KULA, KULA NYUWUN RAHAYU WILUJENG, NYUWUN KEBAK REJEKI KULA SAHA NYUWUN JININJUNG DERAJAT GESANG KULA “.

XI. DONGA PANGRACUTANING NGELMU

“SARINING MANJINGING ING ATI, KANG WENINGING ING CIPTA, NING ING RASA DAT LEBUR AMBET- AMBET TAN ANA KARI SAJERONING JAGAD INGSUN IKI KABEH, DAT LES TAN ANA KARASA-RASA”.
(MEGENG NAPAS MANUT TINDAKING DAWUHING GOIB)

XII. NGELMU BAGENDA KILIR AGEMAN SUNAN KALI JUGA

LAKUNE ADUS WAYAH ESUK JAM 4, DIWIWITI ING DINA :
AHAD :
NIAT INGSUN ADUS ING DINA AHAD, GUMILANG-GILANG ANA USUL KATHAB,TES-TUMETES LANGKUNG BADAN TURAP, PERLU KRANA ALLAH

SENIN :
NIAT INGSUN ADUS ING DINA SENIN, ARUM CENDHANA MATSIRSANI,INGSUN NAMPANI TINGAL LANGKUNG NUR DZAT-ALLAH, PERLU KRANA ALLAH

SELASA :
NIAT INGSUN ADUS ING DINA SELASA, IKI KENCANA MULYA METU SAKA ACHADIYAT MUKHAMMAD (MUSLIM) / ACHADIYATING ISA (NON MUSLIM)MULYA ANA DUNYA MULYA ANA AKHERAT, PERLU KRANA ALLAH

RABO :
NIAT INGSUN ADUS I8NG DINA RABO, ROH TAN ARAH SAMODRANING BADAN YA INGSUN ANGUMPULAKE BANYU PITU, LAKUNE BANYU KANG ABANG BANYU RAHCMAT,KANG IRENG BANYU NUGRAHA, KANG KUNING BANYU NIKMAT, KANG DADU BANYU SUWARGA, KANG BIRU BANYU URIP,URIP DONYA URIB AKHERAT, PERLU KRANA ALLAH

KEMIS :
NIAT INGSUN ADUS ING DINA KAMIS,ING BANYU KAMA WULAN, ANCIK-ANCIK WATU GILANG,ALINGGIH ING SELA KEMBAR,INGSUN ANGUMPULAKE SADULURKU PAPAT LIMA BADAN,NEM ROH,PITU NYAWA’PERLU KRANA ALLAH

JUMUAH:
NIAT INGSUN ADUS ING DINA JUMUAH,OH…ALLAH MANIKKU,MUKHAMMAD BADANKU (MUSLIM) / ISA ALAI SALAM BADANKU,INGSUN ANGRAWATI SAKEHING CAHYA, CAHYANING LINTANG, CAHYANING REMBULAN, CAHYANING SRENGENGE,MUSTHIKANING ALLAH ANA KENE,YA AKU KANG JUMENENG ROH-IDLAFI KANG NGRATONI SAKALIR, PERLU KRANA ALLAH

SABTU :
NIYAT INGSUN ADUS ING DINA SABTU,CIPTA RASA BANYU WASESA, BANYU URIB PANCERING URIP, BANYU URIP WARAS, METU SAKING ALAMING KODRAT ALLAH,PERLU KRANA ALLAH.

PANTANGAN :
1. ORA KENA PIPIS ING ILINE KALI LAN ING AYANG-AYANGANE DEWE
2. ORA KENA NERJANG PAGER AYU/ NGRUSAK RUMAH TANGGANE LIYAN
3. ORA KENA WANI MARANG WONG TUWA
4. ORA KENA NYEDA ALA MARANG PEPUTRA
5. ORA KENA NYIRAM MAWA BANYU KALI MARANG MUNGSUH YENTA ORA BENER-
BENER NGARAH PATINE LAN WIS KEBANGETEN ANGGENE NGIDAK-IDAK MARTABAT MANUNGSA.

XIII. NGELMU SABAR WARIS SUNAN KALI JUGA
Dongane pasa :

MUSLIM : (QUR’AN SURAH 79 ayat 40 – 80 ayat 24
NASRANI : ( LUKAS 6 ayat 25)

LELAKUNE PASA :
AHAD : AMUNG DAHAR SEGA PUTIH SARTA BANYUWENING PUTIH

SENIN : DAHAR KANG ARA MAWA GULA SARTA UYAH

SELASA : ORA KENA DAHAR SEGA

RABO : ORA KEPARENG DAHARAN KANG KENA DAYANE GENI
(KAMASAK )

KAMIS : PASA BIASA

JUMAT : DAHAR BIASA KAYA ADAT SABENDINAN NANGING ORA KENA
DAHAR IWAK-IWAKAN / KANG ANA NYAWANE

SABTU : MELEK SADINA SAWENGI DATAN NENDRA

WEKTUNE PUASA : DIWIWITI JAM 8 BENGI NGANTI TUMEKANE JAM 6 SORE.







XIV. FAIDZATHUN DONGA AKHIR WARSA JAWI WARIS PARA LELUHUR
KANG WINASIS ANTHUK DAWUH SASMITANING GUSTI ALLAH.

Sing sapa wonge maca kaping pitu, ing saben-saben dina pungkasaning tahun Jawa, wong iku ora mati sajroning tahun kang arep dilakoni, lapale kaya ing isor iki :

MUSLIM :
“KABIYATULLAHU, WANIKMAL WAKILU NIKMAL WAULA WANIKMANASIR SUBKANALOHUMIL ULMIJANI WAMUNTOHAL NGILMU WAMAB LAGORI DOWAJINAL NGARSI LAMANJAWALA MALJA ANMINALAHI ILAI LAHI SUBKANALOHI NGADADASAFNGI WALWATTRIWA NGADADA KALIMATI KULIHA SA’ATKASALAMATA BIROHMATIKA YA’ARKAMAROKHIMIN WALA KAOLA WALAKUWATA ILA BILLAHI NGALIYIL NGADIM, WAHUWA KASBI WANIKMAL WAKILU NIKMAL MAULA WANIKMANASIR WASALAHU NGALA SAYIDINA MUKHAMMADIN WA’ALAIHI WASOKBIHI WASALAIM.”

NASRANI :
INGSUN DAWUH : “DUH… GUSTI ALLAH, SAMPUN KAPUNDHUT KULA ING SAK TENGAHING YUSWA KULA, WARSA-WARSA PADUKA KATETEPNA KANTI TURUN TEMURUN” ( Mazmur 102 ayat 25 )


Malang , 1 Sura 1940 / 19 Januari 2007
Pangimpun :
Putra wayah ing dalem padepokan “ Eyang Panji “




KI WAHYU